Teks Palapuran Asil Observasi [Bahasa Jawa]
Teks palapuran asil observasi yaiku teks kang nerangake asil observasi sing wis ditindakake.
Observasi yaiku pengamatan utawa penelitian kanthi objek panaliten
Struktur teks palapuran asil observasi :
- Pambuka = nerangake pangerten umum saka bakune andharan kang dirembug
- Isi = ngandarake bab-bab saka asil observasi awujud tulisan gancaran deskripsi
- Panutup = isine dudutan lan pangajab utawa panyaruwe tumrap kahanan saka asil observasi sing wis ditindakake
Ciri basa teks palapuran asil observasi
- Isi teks kudu objektif
- Ditulis lelandhesan kasunyataan (kenyataan) nalika nindakake pengamatan
- Ora ngemot bab-bab kang nyimpang saka kasunyataan
- Ana tembung kriya lan tembung wilangan
- Nggunakake tembung-tembung tartamtu (istilah-istilah khusus) salaras karo objek kang ditaliti.
Sumber: http://anidomo.blogspot.com/2015/12/teks-palapuran-asil-observasi-bahasa.html?m=1